Contoh Khotbah Idul Fitri dalam Bahasa Jawa, Tema Panen Pahala

Contoh khotbah Idul Fitri dalam Bahasa Jawa. (Sumber : InfoSemarang.com)

INFOSEMARANG.COM -- Contoh khotbah Idul Fitri menggunakan Bahasa Jawa.

Khotbah Idul Fitri biasanya disampaikan oleh khatib setelah Salat Id usai.

Tema yang dibawakan pun beragam, biasanya ungkapan syukur di hari kemenangan.

Khotbah juga bisa disampaikan menggunakan bahasa nasional atau Bahasa Indonesia dan atau bahasa daerah setempat.

Simak contoh khotbah Idul Fitri menggunakan Bahasa Jawa berikut ini yang dirangkum dari nu.or.id:

Hadirin hadirot, kaum muslimin muslimat jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulyo.

Alhamdulillah, wonten injing puniko kito sareng-sareng pinaringan nikmat gesang, nikmat iman lan Islam, nikmat aman, manggihi riyoyo Idul Fitri meniko kanti karaharjan lan kesehatan mboten kirang setunggal punopo.

Baca Juga: Daftar 49 Lokasi dan Imam & Khatib Salat Id di Kota Semarang, Jumat 21 April 2023

Kanikmatan ingkang agung puniko sampun sak pantesipun kito syukuri kanti waosan tahmid sesarengan:

“Alhamdulillahirabbil ‘alamin, Alhamdulillahirabbil ‘alamin, Alhamdulillahirabbil ‘alamin.”

Wonten awal khutbah, monggo kito sareng-sareng ngukuhaken ketakwaan dumateng Gusti Pengeran Allah subhanahu wa ta’ala kanti saestu lahir batin, sehinggo kito sedoyo pinaringan ridhonipun.

Amin amin amin ya Rabbal ‘alamin.

Hadirin hadirot, kaum muslimin muslimat jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulyo.

Kirang langkung kalih tahun kito riyoyo wonten suasana pandemi, alhamdulillah wonten riyoyo Idul Fitri meniko kito manggihi riyoyo kanti suasana ingkang cekap normal.

Namung mekaten, kito sedoyo tetep kedah waspodo anjagi protokol kesehatan kados arahanipun pemerintah, sesuai dawuhipun Gusti Allah:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا أَطِيعُوا اللهَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ وَأُولِي الْأَمْرِ مِنْكُمْ … (النساء: 59)

“He, sedoyo piyantun ingkang beriman, ta’ato panjenengan sedoyo dumateng Pengeran, taato dumateng Rasulullah, lan pemerintahan panjenengan sedoyo.” (An-Nisa: 59)

Hadirin hadirot, kaum muslimin muslimat jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulyo.

Saksampunipun kito ngelampahi siyam Romadhon setunggal wulan nutuk, ndalunipun shalat tarawih, shalat witir, tadarrus Al-Qur’an saha ibadah lintu, kito anggadahi pengarep-arep sedoyo amal dipun tampi wonten ngerso dalem Allah subhanahu wa ta’ala.

Baca Juga: Daftar 20 Lokasi Salat Id di Kabupaten Semarang Jumat 21 April 2023, Lengkap dengan Imam & Khatib

Kanjeng Nabi Agung Muhammad shallalahu ‘alaihi wasallam nate dawuh:

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيْمَانًا وَاحْتِسَابًا، غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ. مُتَّفَقٌ عَلَيْهِ

“Sinten mawon ingkang siyam Romadhon kanti adedasar iman lan pados ganjaran saking Gusti Allah, mongko dipun ngapunten duso-dusonipun ingkang sampun keliwat.” (Riwayat Al-Bukhari lan Muslim)

Nabi ugi dawuh:

مَنْ قَامَ رَمَضَانَ إِيْمَانًا وَاحْتِسَابًا، غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ. مُتَّفَقٌ عَلَيْهِ

“Sinten mawon ingkang ibadah ndalu wonten wulan Romadhon kanti dasar iman lan pados ganjaran saking Gusti Allah, mongko dipun ngapunten duso-dusonipun ingkang sampun keliwat.” (Riwayat Al-Bukhari lan Muslim)

Hadirin hadirot, kaum muslimin muslimat jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulyo.

Meskipun mekaten, asring siyam lan ngibadah kito wonten wulan Romadhon tebih saking kasampurnan, katah kekiranganipun.

Nglampahi siyam tapi tasih kerso ngrasani tiyang, tasih nggaggu tiyang, adu-adu lan duso-duso sanesipun.

Alhamdulillah Gusti Allah sampun nyariataken zakat fitrah, kangge nambel kekurangan lan kesalahan kito sak lebetipun wulan Romadhon.

Magayutan puniko Sayyidina Ibnu Abbas radhiyallahu ‘ahuma ndawuhake:

فَرَضَ رَسُولُ اللهِ زَكَاةَ الْفِطْرِ طُهْرَةً لِلصَّائِمِ مِنَ اللَّغْوِ وَالرَّفَثِ وَطُعْمَةً لِلْمَسَاكِينِ. (رَوَاهُ أَبُو دَاوُدَ وابْنُ مَاجَه وَصَحَّحَهُ الْحَاكِمُ)

“Rasulullah saw sampun majibaken zakat fitrah kangge nyuciaken piyatun ingkang siyam, nyuciaken saking pangendikan ingkang batil lan omongan ingkang keji, ugi kangge daharan kangge golongan masakin.” (HR. Abu Dawud, Ibn Majjah dan dishahihkan al-Hakim)

Hadirin hadirot, kaum muslimin muslimat jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulyo.

Sak sampunipun mbayar zakat fitrah, titi wanci puniko kito sareng-sareng nindaki shalat Idul Fitri wonten masjid mriki.

Sinaoso mboten mangertos, nalika injing wau kito tindak saking griyo, poro moloikat sami mapag kito sedoyo, sami nenggo wonten ngajeng mergi kanti ngendiko:

“Mangkato shalat id, he kaum muslimin, nuju karidhon Gusti. Gusti ingkang Moho Loman, ingkang paring kebagusan (amal shaleh sak lebeting wulan Romadhon) lan ngganjar kebagusan kanti ganjaran ingkang ageng sanget."

Panjengan sedoyo dipun perintah ngibadah wayah ndalu, lajeng nggih sampun panjenengan lampahi kanti saestu.

Panjenengan dipun perintah siyam, nggih sampun panjenengan lampahi.

Pajenengan sampun taat dumateng Pengeran Gusti Allah ta’ala, kranten punika monggo panjenengan tampi ganjaranipun.

Lajeng sak sampunipun kito ngelaksanaaken shalat Idul Fitri, poro moloikat gendiko malih:

“Ilingo, temen setuhune Gusti Pengeran estu-estu sampun paring pangapunten dumateng panjengengan sedoyo. Monggo sakmeniko panjenengan kaaturan kundur dumateng griyoninpun piyambak-piyambak kanti pikantuk pitedahipun Gusti Allah. Dinten meniko aran Yaumul Jaizah, dinten peparing (ganjaran) saking Allah ta’ala. Wonten langit dinten meniko dipun asmoni Yaumul Jaizah, dinten peparing (ganjaran) saking Allah ta’ala.”

Mekaten dawuhipun poro moloikat kados ingkang dipun kabaraken Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam, wonten riwayatipun Imam At-Thabarani.

Hadirin hadirot, kaum muslimin muslimat jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulyo.

Kanti berkah wulan Romadhon, berkah siyam, berkah taraweh, berkah zakat fitrah, soho berkah riyoyo kaum beriman, mugi-mugi kito kagolong minal ‘aaidin wal faizin, golongan ingkang wansul fitrah, wangsul suci, lan golongan ingkang pikantuk kabejanan wonten dunyo dumugi akhirat.

Amin amin amin ya Rabbal ‘alamin.

(*)

Tags :
BERITA TERKAIT
BERITA TERKINI